Header Ads Widget




Mbah pawiro paiman

Nalikane mangpi selawe isih aji

Gubug gedeg mangadep ngulon

Melu ngawasi playune bocah medhot dalan sepi

Mari ngelak bali bal balan nunggu wanci

Wanci ngaso tuntas netepi wajibe dadi murid

Ing pamulangan sd parangoro 1

Mbah pawiro paiman nutuke nata dodolan

Iku ing tahun wolungpuluhan


Mangpi kijolan kriyek karak gendar

Bakwan blangreng selawe den ajeni

Sumeh gumuyu angon anake wong akeh

Mbuh kapan ana kang dadi polisi

Post a Comment

0 Comments