Header Ads Widget

Sada Garing


Sada garing kang aran biting

Nalika wus teka puputing umur

Tinalen suh kenceng wutuh

Bebasan hanyilaake rereged

Direwangi pepesing raga


Biting sak uli ramitayani

Saiket rumaket kenceng

Jumbuh bakoh bareng nyawiji

Sumeblak madhangi kahanan.


Eling duk nalikane durung wanci

Ben ora garing telesana kidung suci

Ben ora alum ajeg ngrembyahke oyot

Bebendotan sumingkir goleki clesing tirta


Ngobahke sinom goleki padhanging srengenge

Ngarah arah sakmadya betheke ora dipangan ama

Sinurung srawung sholawat nabi

Njaga limang wektu ora kena sambat


Kaanggit dening Ndorojoyo

Post a Comment

0 Comments