Header Ads Widget

Pak Jendral


Pak jendral kowe neng ngendi? Jlajah praja milangkori ngrumat pertiwi

Pak jendral .. 

Mbiyen tank tempur mung to anggep grobak sapi

Maju terus pantang mundur berapi api


Kuncara ing bawana saiki wis mukti

Nanging jendral.... pelurumu eneng sing keri siji

Kancamu nemu ing bumi iki

Tipak kebo,  guyangan sapi iki dadekna kanca sejati

Kuncara nagri dumadi mulyane kanca tani


Pak pak pung pak mustape

Aku lan kowe ora lali omahe

Adoh paran eling doran

Sukoi sukoi ora lali tumpakan jaran


Rindu kampung judule guritku

Ngawe kae lan kowe kowe kabeh

Kena neng kana klambimu apa

Desa parangjoro butuh dijaga


Post a Comment

0 Comments