Header Ads Widget

Mapag Praptane Padhang


 Nglilir kang muspra

Tanpa swara kemrosake swara rina

Tanpa aling² sliweraning donya

Eman² yen ilang saben ndina


Nglilir kang muspra

Kesurung rasa mlayu ing kolah

Nggeret ing patoyan

Eman² ora sisan sing nelesi pasuryan


Nglilir kang tanpa guna

Mung sak pada ginawa bandhang

Nalika tanpa tedheng tumus ing pangeran

Eman² panjalukmu ilang


Nglilir kang ora suwe

Isih suwe ngiseni hawa padhang

Digemeni, ditlateni

Ra orane ora kentas ing gawe


By. Ndorojoyo


Post a Comment

0 Comments