Header Ads Widget

Parangjoro Sing Saya Rengket Pomahan

"Jejer kaya wayang ibarate"

Kabeh nglakokne lakone dewe dewe. Parangjoro sing saya rengket pomahan karo wargane, ora ndadeke cengkrah siji lan sijine. Kabeh nindake lakon sing wis ginaris. Ngrembaka ing pembangunane, misuwur kondange, tan ana pedhot miline panguripan.

Konang, kleper, kepik lan walang sangit dadi seksine yen kudu ngalah karo owah owahing jaman. Angkringan grobak jejeran sak kiwa tengening dalan. Laron kepik ora prayoga ngrubung ing nampan lan tepak dhaharan. Sumingkir ngadoh gawe lakon dewe dewe.

Ngehik lan wedangan anget wis dadi lageane sing seneng melek bengi. Sego wungkus, nyongkot sundukan laris manis nggo ngganjel weteng sing padha makarya. Ora mokal kabeh dadi reja. Tanpa iren-irenan mung kepengin njejege kendhil pawon aja nganti ngglondang.

Wus jamak lumrahe melu obahing kahanan. Pasinaon jejeran karo angete teh lan wedang uwuh. Gawe resep lan mrasuke ngelmu bebrayan sansaya manjing ing dada lan pikirane warga. Saya dewasa adoh rasa nyalahke liyan. Kabeh ditampa kanthi seneng,. Iku sing ndadeke isaning jejer wayang urip sesandingan sakdurung titiwancine kabeh mlebu kothak.

Updated by : Ndorojoyo 


Post a Comment

0 Comments