Header Ads Widget

Wit Sambi Parangjoro

Aku durung nate ngerteni, merga saiki wis kasirep pabrik lan pomahan. Bulak Parangjoro sisih wetan kidul nate ana crita babagan Kayu Megar. Yen miturut sing kaprungu mbiyennuga dadi banda desane Parangjoro. Pancen neng kono ana kali cilik sing perengane ana sauwit gedhe sing thukul gedhe. Mung dadi crita wae bandha desa sing ora ngasilake pametune desa. 
Sekitar 2015 Pohon Sambi Singkil Parangjoro Telah Ditebang
Posisi Pohon Sebelah Kanan Rimbunan Bambu

Kayu megar jeneng sing rada ora pati kawentar muggwing bocah saiki. Rikala semana para sepuh mbokmenawa wis tau menangi.

Salah sijine uwit gedhe sing tau aku ngerti sing jenenge wit Sambi. Uwit kang tuwuh ngrembaka sak jeroni jaratan Tanjung Tropong. Nganti keceluk jaratan Sambi. Uwit sing tuwuh siji nanging ngrembaka manjila mendhuwur kanthi maneka warna jinise. Angker pencen nalika semono, durung akeh lampu padhang sak kiwa tengene. Mung senthir patra ing pomahan siji. Pomahan sing dilenggahi suwargi mbah Sonto. Sing nate crita kasektene duweni aji plengket. Haembuh kuwi mung sak elingku nalika cilik mbiyen. 

Rejane jaman saiki lampu listrik sansaya akeh. Padhang jingglang, setan dhemit padha kelangan panggon mbok menawa uwit Sambit saiki wis ilang. Uga nalika mbiyen woh²an mundhu lan duwet dadi aji tumraping bocah² cilik. Kanggo paran playu ngilangi kesel sing mentas gegojekan ing kiwa tengene desa. Mundhu kang warna kuning, duwet  sing legem biru dadi pepeling jaman semana nalika saiki diganti kesenengan manggis lan anggur.  - M. Ratman Ndorojoyo

Post a Comment

0 Comments