Header Ads Widget

Setum Ing Desa Parangjoro

Nalika tahun 80 an, bengawan solo, dadi kali kang banget diperloke warga desa. Ngileni sawah kang dioncorake menyang dalan banyu (irigasi). Seprene mbokmenawa  isih ana kang ngarane _lin_ saka  tembun
g _ilen_ dadi _len_ . Sisih kulon desa kali kang kulina dinggo adus lan ngangsu nate dipasangi mesin pompa banyu. Sing nalika semono kasebut _setum_ . 

Detum ngono sakjane saka basa landa tandem roller, utawa salender. Kang para warga akeh nyebut slinder. Marga roda gedhe kang nggo nggiles watu dalam kui kaisenan banyu, kang diarani setum, mulane jedhing gede ing papan kono iga kaceluk _setuman_

Ana rong panggonan pereng kali kang diwenehi setum. Siji sing mapan desa Parangjoro, mapan ing kali kulon desa sing eneng padhas gedhe malang ing tengahing kali. Mula kaaran kali _padhas malang_. Dene setum.sing sijine mapan ing kali lor desa, mlebu ing desa lor kali bengawan solo. Setum.sing mapan ing kono pancen gaweane landa sinh dinggo ngoncori tanduran tebu.

Sak kulone setum iku ono uwit gedhe kang aran _wit tingas_. Mbuh kenapa diarani wit tingas , seprene durung ngerti karepe.


Tasih wonten sambungane.
Ndorojoyo 3/4/2019

Post a Comment

0 Comments