Header Ads Widget

Laku Dhodhok Pawihawan Parangjoro

Nulad laku dhodhok. Laku lembehan kenceng ing ngarepe piyayi sepuh nuduhke dadi wong kang kumalungkung. Ndhengek sesorah jaja ora prayoga tumrape trapsila jawa ing ngendi papan. Tumungkul andhap asor iku sing prayoga. Basa jawane nglangak, ora tatanan. Ora ngerti unggah ungguh, gonyak ganyuk.

Image By : Medwister
Mula ajarane para pinisepuh nalikane pasamuan, nalikane njunjung tepak ngaturke pasugatan ojo ngungkuli dedeke sing diladeni. Menawa ing wayah lesehan, trapsila laku dhodhok mung merloke atur pakurmatan. Nuduhke andhap asor pramuladi anggone mapanake pasegahan. Ora ribet kepara resep yen dinulu lamun kabeh dilakoni kanthi pakulinan. Mung wae angger-angger kaya ngono kui padha ora digatekake. Mburu cepet ora pener ing jaman saiki.

Laku piring terbang, lanturan kaya wong ngecor latar. Kamangka dhedhaharan iku mujudkake kapribaden sing dhahar lan sing nyawisake. Rasane panganan sing diladekake kanthi premati uga nuduhke ajarane kanjeng nabi. Nulad mangan kanthi tangan tengen, ora sinambi adegan lan geguyonan. Apa kang mlebu ing padharan utawa weteng tuntas dadi barokah, nguatke balung sumsum, tumurun ndadekake wiji pinilih lakune bebrayan.

Laku dhodhok bisa diowahi nalikane sing pasamuan lenggahan kursi. Kanthi tetep ngugemi aja ngungkuli dhuwure sing diladeni. Kepara padha dedeke sukur luwih asor karo sing diladeni. Dhayoh utawa tamu iku embane kaya ratu. Marga ora suwe sing ketemu pramuladi. Kaya dene ratu kang nemoni kawulane sing mung nekani wayahe sebane abdi

ndorojoyo

Post a Comment

0 Comments