Header Ads Widget

Konang-Konang Parangjoro

Maneka warna jinising usaha panyurunge panguripan ing tlatah Parangjoro saiki. Kabeh jejeg ngandek ing bumi sing mbiyen prasaja. Eling banget nalika BKM (Badan Keswadayaan Masyarakat) Parangjoro dolan neng Boyolali nepungake jeneng BKM Prasajane Parangjoro. Kabeh sarwa sarwi prasaja apa anane. 

Anane owahing jaman ya ditampa kanthi prasaja. Olah budidayane warga kanggo masyarakat diupayakake kanggo ngangkat drajate para warga. Piye carane kabeh cukup sandang pangan, piye carane ngrembaka sempulur tutug angon sak brayat gung Parangjoro. Kemajuane jaman nuduhke ora mung Pertanian sing diupayakake. Nanging kabeh mau bisaa dadi talining pangiket anggone padha golek sandang pangan. 

Lokasi Timur Ngudi Sehat Parangjoro
Kae delengen kiwa tengen sawah Parangjoro ngadek omah gedhe sing aran Pabrik lan gudang. Saya suwe saya ciut panggonan sing kanggo tetanduran. Mung wae muga apa sing diwutahke saka Pabrik pabrik mau ora gawe rusaking banyu lan hawa kiwa tengen. Marga tanduran uga mbutuhke hawa lan banyu kang resik supaya woh sing dikasilake sehat lan ora mbebayani.

Menawa AMDAL (Analisa Mengenai Dampak Lingkungan) digatekake. Bab guwangan pabrik mestine ora kena mili ing kali sing kanggo tetanen apa maneh kali gede sing kanggo panguripan.
Ora kaya jaman biyen mestine konang, klaper, lan manuk blekok padha nyaba ing bulak Parangjoro. Yen saiki suda glibete kui dadi tandha yen hawa lan banyu wis ora pati disenengi kewan² mau. Mumpung durung kebacut, olah lingkungan, gerakan² pemberdayaan BKM muga bisaa ngusung nglestarekake sisa lemah pertanian ing Parangjoro. 

Pancen anane pabrik lan gudang akeh sing antuk panggawean dadi karyawan. Uga nuwuhake mletike kawruh babagan industri lan budidaya. 

Ndorojoyo

Post a Comment

0 Comments