Header Ads Widget

Dewadaru Parangjoro

Kedung srengenge, kali pucel, nyanding sasmita kedunging budaya. Joko Tingkir, pesanggrahan, lan lumbung Silayur, durung genep lamun ora sinurung adat budaya adi luhung. Saka Surakarta hadiningrat ninggalake yasan budaya adi luhung.
Image by MedWister


Bapa Sayuti Hadi Winarno penguri uri budaya Laras Madya. Kenong, kethuk, kempul, bonang, tinabuh sairama mujudake eloking laras. Ginebeng sesrawungan adi, para warga Parangjoro sami olah kabisan ngungelake ladrang, langgam, lan palaran adi.

Muna muni kang kasurung budaya endah handadekake seseawungan kang ora luntur ing kahanan. Pangarsa beksan ndadeke gandhes luwese bebrayan. Bapa ngabei Padmo Suharjo, kaapit suwargi bapa Ristanto dalasan Bapa suwargi Tarjo Wiyono rikala semono.

Emoh luntur, wegah ditinggalake sempulur mring anak putu olah budaya adi karipta ing srawunge  _Dewadaru_ . Tumaruna cancut tumandang ngreksa lan nguri uri tinggalane para suwargi. Jalma lipat seprapat tamat, angger ora nerak paugeran pantes dilestarekake. Nyata angrangin swaraning larasmaya ora nate ilang ing pasamuan. Antawecana luwes hanjawani ong pendhak bukak tutuping adang.

By. Ndorojoyo

Post a Comment

0 Comments