Header Ads Widget

Cikal Bakal Parangjoro

Image by: Ndorojoyo
Wong tuwa aja dieret-eret. Simbah Cikal Bakal dadi seksine, nalikane badra, alas, rawa, mung disaba kewan mbebayani. Ora bisa ngasilake babagan sing bisa dipangan. Wekasane lara lapa dilakoni mbah Cikal Bakal, reriwungan dibabat, alang-alang diseblak rata, banyu ditata iline. Ora mung kringet sing mili, kalamangsane getih karo tatu mbebrah ing awake. Arang merem, keju kemeng ngethok ora dirasakake mung pamrihe papan temata kanggo panguripane anak putu.

Kuwi gambaran babad badranayane simbah Cikal Bakal. Wektu kang ora kendhat leren gawa owahing jaman. Siji baka siji anak putu tumurun bisa ngenthengake badra lan mapanake pomahan. Dalane panguripan dibukaki kanthi adus kringet lan luh. Thukuling pategalan lan sesabinan nggawa hawa seger sing padha srawung ing padukuhan.

Iyo..pancen alas rawa wis dadi padukuhan. Sidodadi padhukuhan lan padesan. Salah sijining bumi Parangjoro mula bukaning badra. Ontran-ontran panguwasaning laladan kalamangsane bisa nyurung sumebaring turun. Babar saka poncot padesan nganti tumekaning pethiting rawa.

Kabeh dumadi merga ana sing badra lan mucuki labet kamulyan. Ora mokal diuri-uri kanggo pepaling dumadine padukuhan lan padesan. Tegal langgeng, sing dibudidaya dadi pategalan. Pamrihe ora mung mapan nanging uga ana banyu panguripan sing nuwuhake tedha panguripan. Tegal langgeng kawentare dadi Galanggeng. Maleber ngiwa lan nengen. Thukul padesan Sawahan lan Sudimoro. Ontran-ontran kang nuwuhake kemenangane simbah-simbah cikal bakal tinengeran Hadijoyo. Ngrembaka saya cetha, subur sempulur. Arit pacul, lan parang sing ditamakake ing rawa lan alas dadya tenger saklawase. Njoro langit, sumebar ing bebrayan, kondang kaloka. Parangjoro, obawing gegawan aji sing wus nuwuhake padesan lan sesrawungan. 

 Ndorojoyo

Post a Comment

0 Comments