Header Ads Widget

Bumi Parangjoro Kang Nalika Semana

Bumi Parangjoro kang nalika semana wis tau kondhang ing nuswantara.

Lumbung parine Jawa Tengah, kaucap nalikane bp Gubernur Gatot Amrih, SH. Yen ora kleru sak kelinganku klompencapir (kelompok Pendengan dan Pemirsa) pancen dadi wadah sarananing para tani padha tukar kawruh babagan tetanen. Saben seminggu sepisan padha srawung rembug alur uwur sembur babagan tanduran pari lan palawijane. Nalika kaur pertanian diasta bp. Suwandi disuhi bapa lurah Djono, B.A, pertanian ing tlatah parangjoro anteng adhem ayem dadi tentreme lumbung pari kang ana ing desa mligine. Ora mokal kanthi sarana kang diugemi lalatah Parangjoro gumelar bulak kang ambane kajangka mata wiwit saka poncot lor nganti tumekaning wates Sukoharjo sisih kidul.

Desa kang nyengsemake, nalika rina manuk blekok padha pating kleper mencok ing blethok tibaning jeruman kebo lan olahing luku garu. Sansaya gawe semsem, lan ngrembakaake hawa seger panguripan.
Remeng surup tandha ngancike wanci bengi, lampu² jagat kang mabur sesliweran di gawa konang konang kang bungah. Bungah merga tan sumelang nyesep racun lan wisaning hawa sawah. Ora pati njekut, nanging krasa swasana tentrem para tani nglereni raga ing emperan limasan lan cakruk. Ora ana kang diucap.kajaba murih bagya mulya, tulusing tandur tumekaning panen.

Palawija kang dadi selingane tanduran, kacang, timun, terong lan maneka warna. Tanduran melon kang nalika semana dadi woh wohan aji, kasil ngrembaka ing bulak Parangjoro. Nuwuhke panggawean liyane kang ora setitil. Semangka pating glundhung ing bedhengan sesabinan. 

Ora mokal nalika semana Lumbung Silayur kondhang kaloka ngangkat drajat bumi Parangjoro

3/4/2019 _ndorojoyo_

Post a Comment

0 Comments